Langsung ke konten utama

Bening lan mas ahmad




BENING LAN MAS AHMAD

Nalika srengenge lagi wae jedul saka sisih wetan, ditututi klurukan jago salip-salipan, adan uga dikumandangake, Bening kang biasane wayah subuh wis tangi, ketok iseh aras-arasen dikancani iluh kang isih tumetes deres ing pipine. Bening menika salah satunggaling santriwati kang mondok ing Tsanawiyah Jombang, durung suwe dheweke lulus lan nerusake kuliah ing kutha Ngayogyakarta, kutha kang dadi saksi nalika dheweke pisanan weruh kauripan ing dunya. Seminggu iki Bening pancen rada beda, dheweke luwih seneng ndhekem ing kamare karo tetangisan, padahal Bening sejatine bocah kang ceria lan saged ngawe kanca-kancane ngguyu kepingkel-pingkel yen dheweke lagi cerita nyrocos. Ananging ora ana sing ngerti kepriye Bening nalika dheweke ing kamar, mung guling lan tembok kang nyekseni Bening nalika lagi miyur atine. Bening pancen pinter yen ndhelikake kasusahane ing ngarepe kanca-kancane amarga dheweke ora kepingin ngrepoti kancane. Bening menika namung urip dhewe ing ngomahe simbahe, ibu lan bapake iseh sugeng nanging Bening luwih milih urip dhewe, sunyi, amarga iku anggawe atine luwih tentrem.
Tiyang kang ngerti susah senenge bening menika namung Mas Ahmad, pria kang meneng-meneng disir Bening nalika dheweke isih kelas telu smp nganti saiki, senadjan Bening nganggep Mas Ahmad wis kaya kakangne dhewe, semono uga Mas Ahmad kang nganggep Bening adhine dhewe, nanging sejatine Bening punika ngesir Mas Ahmad ananging namung bisa dipendhem dewe ing jero atine, kabeh cerita susah lan senenge Bening ora ana sek ora dingerteni Mas Ahmad, amerga saking cedhake paseduluran cah loro iku.
Sek njalari Bening susah akhir-akhir iki yaiku amerga Bening kerep kelingan kalian bapak ibu lan adhi-adhine kang wes ditinggalakae, dheweke kerep ngrasa salah lan nyesel nanging kepriye yen iku wis dadi pilihan uripe Bening, dheweke ora dueni maksud setitik wae kanggo mbantah kalian tiyang sepuhipun ananging manugsa iku ya ndueni batas kesabaran, Bening milih manggon ing omahe simbahe amerga dheweke wes ora kuat karo perlakuan wong tuane, kang sakarepe dhewe, Bening saben dina dikongkon iki-kui ora saklumrahe menungsa, luwih parah mbangane dadi babu, ananging Bening isih nerima perlakuan iku, sing marai Bening sansaya ratrima nalika dheweke dipaksa nikah kalih uwong kang babarblas ora Bening kenal, ora Bening tresnani, mung amerga uwong mau iku juragan, wong tuane Bening kepingin iso urip kepenak, bar kadadean kui Bening lungga ananging Bening uwis nulis serat pamitan kalian bapak ibune . Sajake bar kadadean iku bapak ibune ora tau ngaruhake Bening, nganti wes nganggep Bening kui wes ora ana,wes ora ngagas, Bening ki sakjane yo binggung, dheweke diperlakokake beda tinimbang adhi-adhine, dheweke kerep di uring-uring, opo wae gawean kang ditandangi Bening radadi karepe wong tuane , ngene salah ngono salah, senadjan Bening wes ngrampungake kabeh gawean ngomah, nanging tetep wae nalika bapak ibune bali kerja dheweke di uring-uring , endi sing dionekake anak  keset, raiso nyenengke atine wong tua, Bening wes rakuat saben dina ngampet tekanan batin kang saya sue saya ngiris-iris ati, nganti Bening nate mikir apaya dheweke kui dudu anak kandung? Kok bapak ibune beda anggone memperlakuake Bening, ratau dikaruhke sekolahe, kayata Bening ki ora dianggep anak ing omah kui.
Bar pindah ing omahe simbahe dheweke iso nemokake ketenangan,ketentreman, ora ana maneh uringa lan peksaan saka wong tuane, dheweke iso sekolah kanthi lancar senadjan tanpa kluwarga ing cedhake. Nanging kala-kala Bening kelingan lan nangis mrebes mili ing kasunyian, kayata esuk iki, amerga dheweke wedi nek wes dadi anak kang ora ngabekti marang wong tua, dhweke uga kelingan perlakuane wong tuane, uwong kang iso ngawe Bening tetep kuat lan seneng yo mung Mas Ahmad dheweke kerep cerita bareng, kisah-kisah kang iso ngobarake semangat nglakoni urip kerep diceritakake kalian Mas Ahmad kang marai Bening tambah semangat nglakoni urip. Mas Ahmad menika pancen pemuda kang kathah disenengi kalian kaum hawa amerga parase kang bagus,resik ditambah imane kang kuat lan prasaja, dheweke uga aktif ing organisasi keagamaan, kerep ngulang ngaji ing desane, wajar menawa Bening kang wes mertaun-taun celak lan bangun paseduluran kalian Mas Ahmad yo melu kepincut lan kepingin ndueni. Bening sakjane kepringin ngerti Mas Ahmad menika sejatine ndueni rasa kang padha ora, opo pancen mung nganggep Bening iku adhine opo luwih saka iku, amerga kala-kala Mas Ahmad ketok ngatekake Bening lan kuatir kalian Bening lan mesti ana nalika Bening susah, nanging Bening ora dueni kewanenan kanggo  ngomongake punapa kang ana ing njero atine iku, dheweke luwih milih mendhem dewe apa kang dirasakake.
Cah loro iku cerak banget saben minggu esuk bada’ subuhan kerep mlaku bebarengan ing taman cerak monumen perjuangan, lan lingguh ing ngisor uwit cemara kanggo cerita-cerita,menawi tiyang kang ora ngerti mesti dikira nek cah loro iku pacaran , pas lagi asik cerita babagan kanca-kanca ing sekolahe Bening, Mas Ahmad ngomong yen dheweke arep lunga ing Jawa Timur, dheweke kepingn nyantri kurang luwih telung taun dheweke lagi bali, Bening ketok miyur lan ora bisa ngomong apa-apa, nanging Mas Ahmad nguatake Bening lan ngomong mesti Bening isa ngadhepi kabeh masalahe dhewe, Mas Ahmad ngomong yen Bening kudu tetep ceria, tegar, apa wae masalah kang teka iku kanggo nguji dheweke supaya dadi uwong kang luwih kuat, Bening mung iso mandhuk-mandhuk lan mboten krasa ana banyu kang netes ing pipine, Mas Ahmad ngomong yen sejatine Bening iku tiyang kang ayu,pinter,uga solehah dheweke ngomong yen telung taun meneh pingin iso diketemokake kalian Bening lan kepingin bebarengan anggone nglakoni urip, Bening kaget karo opo sek bar wae diomongake kalian Mas Ahmad,rasa bungah lan susah dadi siji ing atine, bungah amerga pranyata Mas Ahmad uga due rasa kang padha lan dueni niatan arep urip bebarengan nanging uga susah amerga arep ditinggal telung taun, kui udu wektu sek sedhela, Bening namung iso  mandhuk mandhuk maneh ditusul iluhe kang mrebes mili, Mas Ahmad ngomong “sampean mesti iso, tunggu kula nggih, kita padha-padha ngolek ilmu lan muga-muga bisa babarenga bar ngrampungake kewajiban ngolek ilmu samangke” Bening mangsuli “  injjih mas, kula bakal ngentosi sampean, donga kula bakal ngancani sampean ing mrika” –tamat--

Komentar

  1. Subhanallah bagus nya,😍😍😍🤗🤗

    BalasHapus
  2. Izin promo ya Admin^^
    bosan tidak ada yang mau di kerjakan, mau di rumah saja suntuk,
    mau keluar tidak tahu mesti kemana, dari pada bingung
    mari bergabung dengan kami di ionqq^^com, permainan yang menarik
    ayo ditunggu apa lagi.. segera bergabung ya dengan kami...
    add Whatshapp : +85515373217 ^_~ :))

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Puncak Sosok Jogja

  Puncak sosok      Destinasi wisata yang terletak di daerah Bawuran,Pleret,Bantul ini belakangan menjadi tempat yang banyak dikunjungi oleh wisatawan. Puncak sosok memiliki daya tarik tersendiri, khususnya bagi para anak muda. Di tempat ini terdapat pertunjukan akustik setiap malamnya, pertunjukkan dilakukan di atas panggung bambu nan estetik. Pertunjukkan biasanya diisi oleh band anak muda lokal dari Jogja. Selain musiknya yang menjadi daya tarik, pemandangan yang disuguhkan pun sangat menarik. Dari puncak sana kita bisa melihat kemerlip lampu kota. Selain itu, terdapat spot untuk bersantai berupa kursi-kursi dari kayu. Tetapi apabila kehabisan slot untuk duduk di kursi, anda bisa menyewa tikar yang ditwarkan disana. Harganya terjangkau hanya dengan Rp.5000 anda sudah bisa menyewa tikar untuk bersantai bersama teman dan bersama pengunjung lain. Untuk biaya masuknya dikenakan tarif seikhlasnya. Gimana ga seneng deh dateng ke tempat ini, terjangkau banget di kantong. Sambil kita meli

Cerkak Aku sing salah

AKU SING SALAH By: Agustina Citra Windianingsih Ing salah sawijining dina nalika umurku kira-kira 9 taun, aku dolanan ingkling dhewekan ana ing plataran omah sinambi ngulatake obahe srengenge kang saya medun tumuju kulon, langite ketok sansaya kuning, endah menawa didelokake, aku krungu swarane bapak nimbali aku, dumadakan aku mungkasi anggonku dolanan banjur nyedhaki bapak “Ana apa pak? Kok nimbali aku?” takonku kepengen ngerti “ayo melu bapak menyang blmbang, kowe seneng to nek dolanan neng blumbang,sisan bapak arep niliki sawah sek cerak blumbang” “nggih pak, ayo” wangsulanku karo mlaku cepet tumuju blumbang, durung let sue aku mlaku, adhiku klayu, dheweke banjur nututi aku lan bapak, blumbange pancen ora pati adoh saka ngomah kira-kira sekilo saka ngomah dadi aku lan bapak namung mlaku,nanging adhiku ora gelem menawa dikon mlaku dheweke lagi seneng-senenge numpak pit. Tekane blumbang pranyata kanca-kancaku wes padha dolanan ing ngisor wit pelem , dumadakan aku malayu n