AKU
SING SALAH
By: Agustina Citra
Windianingsih
Ing salah sawijining dina nalika umurku kira-kira
9 taun, aku dolanan ingkling dhewekan ana ing plataran omah sinambi ngulatake
obahe srengenge kang saya medun tumuju kulon, langite ketok sansaya kuning,
endah menawa didelokake, aku krungu swarane bapak nimbali aku, dumadakan aku
mungkasi anggonku dolanan banjur nyedhaki bapak “Ana apa pak? Kok nimbali aku?”
takonku kepengen ngerti “ayo melu bapak menyang blmbang, kowe seneng to nek
dolanan neng blumbang,sisan bapak arep niliki sawah sek cerak blumbang” “nggih
pak, ayo” wangsulanku karo mlaku cepet tumuju blumbang, durung let sue aku
mlaku, adhiku klayu, dheweke banjur nututi aku lan bapak, blumbange pancen ora
pati adoh saka ngomah kira-kira sekilo saka ngomah dadi aku lan bapak namung
mlaku,nanging adhiku ora gelem menawa dikon mlaku dheweke lagi seneng-senenge
numpak pit.
Tekane blumbang pranyata kanca-kancaku wes padha
dolanan ing ngisor wit pelem , dumadakan aku malayu nyedhaki, amerga aku ya
kepengin melu dolanan bareng. Bapak nututi aku, banjur ngendika “Adhine
diulatke ya nduk, ora dolanan dewe” banjur aku mandhuk-mandhuk negesi yen aku
bakal ngulatake adhiku iku, aku marani adhiku kang lagi dolanan karo kancane,
jenenge Deva kang umure sakpantarane adhiku, adhiku nalika iku umure 4 taun,
saben obahe adhiku tak ulate terus, aku
ngulatake menawa dheweke lagi tandingan karo kancane adoh-adohan nguncalke watu
ing blumbang, adhiku ketok krasan dolanan karo kancane mau, mula aku bali ing
wit pelem melu nimbrung dolanan karo kancaku maneh. Neng cerak wit pelem iku
ditanduri wit kacang kalian mbah Kasil , nalika iku kepasan lagi panen kacang,
Mbah Kasil menika tiyange pancen apikan banget lan seneng kalian cah
cilik-cilik, aku sakanca di tawani kon melu panen, aku sakanca seneng banget
lan mlayu tumuju wit kacang kang jejer-jejer lan ana kembange kuning, aku karo
kanca-kanca ngewangi mbedoli kacang, aku sakanca ora krasa kesel amerga ati
bungah, nganti aku lali ora ngulati adhiku. Sakwise bedholi kacang aku lan
kanca-kanca mlaku-mlaku rada adoh saka blumbang, aku lan kanca-kanca golek uwit
kang cilik lan apik, uwite mau dikumpulake, ngumpulake wit-witan kanggo pasaran
lan jamu-jamunan pancen wes dadi kebiasaane aku lan kanca-kanca, ora mung uwit,
aku uga golek kewan mas-masan kang wektu iku disenengi bocah-bocah sakwise
entok akeh diwadahi lodong uga dipakani nganggo godong-godong kang ana, kewane
mau didelokke bebarengan banjur menawa uwis akeh kang dikumpulake kewane mau dicolke
bareng-bareng, ketok apik lan endah kaya kupu-kupu kang lagi padha budhal saka
omaha rame-rame, apik yen disawang, banjur aku lan kanca-kanca bali maneh ning
wit pelem nerusake gegojegan.
Nalika iku kancaku Ajeng lagi nyeritakake polahe adhine pas ketauan ngompol
ing kamar,Ajeng nyeritakake polahe adhine nalika ngampet isin lan nesu, nalika
cerita Ajeng niruake polahe adine lan iku marai kancaku do nguyu
kepingkel-pingkel, nganti ana salah siji kancaku sek ngompol saking lucune,
banjur padha digeguyu,amerga Ajeng nyeritakake adhine sakplengan aku dadi kelingan
yen mau didawuhi bapak kanggo jaga adhiku,banjur aku pamit ro kanca-kancaku
arep ngolekki adhiku, aku mlaku tumuju blumbang,aku ngawasake sakiwa tengene
mblumbang nanging durung nemu, tak gatekake ing sanding blumbang kanthi
temenanan nanging kok aku tetep ora weruh adhiku, aku mung weruh kancane sek
dolanan karo adhiku mau, bocah kui tak sawangi kok mung meneng wae ing pinggir
blumbang, mripate bocah iku ketok abang brambangi, aku dadi kepengen ngerti
sakjane kenapa bocah kui, banjur tak ceraki lan tak takoni,
“Kowe
kanapa Dev kok brambangi? Kowe uga mung dhewekan, la Yusuf nengdi?” bocah mau
tetep meneng wae ora mangsuli pitakonku, malah dheweke kaya wong kang lagi
ngampet nangis, aku dadi sansaya bingung, iki bocah kenapa, banjur tak takoni
meneh, “Kowe mau dolanan karo Yusuf tha? Lha saiki Yusuf nengdi kok kowe saiki
mung dhewe?” banjur aku weruh tangan bocah iku mau diangkat, banjur drijine
nuding blumbang, aku bingung maksude bocah iki opo,tak takoni Yusuf nengdi kok
malah nuding blumbang, banjur aku delok blumbang sek dituding bocah kui, lha
kok ing banyu blumbang ana umpluke akeh kang munggah-munggah, ojo-ojo Yusuf
kecemplung blumbang, pikiranku dadi rakaruan, aku wes panik, rangerti kudu kepriye,
akhire aku mlayu nggoleki bapak, ngetan,ngulon, banjur aku nemokake bapak lagi
jagongan karo kancane, banjur tak cedhaki, bapak rasadar yen tak gatekake ket
mau, nanging kancane bapak ngerti banjur kancane bapak jawil bapak, dumadakan
bapak ngematake aku lan ngendika “Ana apa nok?” aku namung meneng wae ora bisa
mangsuli lambeku krasa kelu arep omong angel, sakwise aku mung meneng rada sue
banjur aku lagi ngomong “yusuf pak...” “Yusuf kenapa nok, dolanan to bocahe
mau?” sakjane aku rategel le arep omong karo bapak yen Yusuf kecemplung
blumbang, nanging menawa aku ora omong-omong Yusuf selak ra ketulungan adhiku
mau kan isih bocah menawa dikon nglangi jelas ora isa, malahan deweke iso
klelep mati ing jero blumbang, banjur aku ngomong kanthi lambe gumeter
“Yu...Yusuf kecemplung blumbang pak” bapak kaget banjur nguncalake rokok kang
lagi digujeng, bapak langsung ngadek malyu banter tumuju blumbang “byurrr” swara
banyu nalika bapak nyeblung blumbang, aku namung bisa meneng lan ngulatake
bapak anggone usaha nylametake adhiku,aku oraisa nulungi apa-apa, kanca-kancaku
sek mau ana ing ngisor wit pelem do nyedhaki blumbang delokake bapak, uga
kanca-kancane bapak sek mau diajak njagong padha ngulatake bapak, ora sue aku
weruh bapak ngentaske adhikku saka blumbang, banjur karo bapak gegere adhiku di
puk-puk supayane banyune padha metu, aku namung bisa ngematake pasuryane adhiku
kang wes pucet banget, wes miyur, antarane urip lan mati, banjur kanthi kesusu
bapak ngendhong adhiku bali,aku dikon nggowo pit e adhiku, uwong-uwong kang
sliringan neng dalan padha takon adhiku kenapa, nanging bapak ora gagas
uwong-uwong kui amerga mikirake nyawane adhiku kang selak raketulungan, tekane
ngomah Yusuf banjur digawa ing Griya Sakit Permata Husada kang ora adoh saka
desaku, aku namung bisa nangis ing kamar, aku isih kelingan kedadean mau,
kayata di bolan-baleni terus ning pikiranku, sakwise antarane rongjam adhiku
wes digawa bali, syukur alhamdulillah adhiku isa dislametake,rada lega rasane
aku krungu brita iku,menawa adhiku kenapa-napa aku rabakal ngapurani awakku
dhewe, nanging aku tetep nangis wae, banjur adhikku didekekake ing kamar, ora
sui tangga teparo padha teka ngenahake kahanane adhiku, nalika wes padha budhal
saka gomah lan ngomah wes ora rame aku disengeni kalian ibuk lan bapak, amaerga
ora ngulatake adhiku kanthi pener, saengga isa kadadean kayangono mau, aku
sansaya keseseken le nangis, nanging iku pantes tak tampa amerga pancen aku sek
salah, ora tenanan anggone ngulatake adhiku.
Izin promo ya Admin^^
BalasHapusbosan tidak ada yang mau di kerjakan, mau di rumah saja suntuk,
mau keluar tidak tahu mesti kemana, dari pada bingung
mari bergabung dengan kami di ionqq^^com, permainan yang menarik
ayo ditunggu apa lagi.. segera bergabung ya dengan kami...
add Whatshapp : +85515373217 ^_~ :))