Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari 2015

KETIPU_contoh cerkak basa jawa

"KETIPU"                 Ing setunggaling desa wonten kembang desa kang ayu banget, asmanipun Sekar , Sekar wadon putranipun Bu Suti rondho kang namung urip pas-pasan, Sekar menika saget nari Jaipong, menawi sekar sampun nari mboten wonten ingkang ngalihaken pandanganipun amergi keluwesanipun lan keayunanipun Sekar biasanipun ngibur ing acara-acara kampung .                Sakwise rampung pentas wonten kang nawari sekar dadi artis , sekar ngraos bingah, tekan griya Sekar crita marang Ibune menawi wontwn tiyang nawani sekar dadi artis, Bu Suti wanti-wanti marang Sekar menawi kedah ngati-ati, amergi jaman sakniki mboten saged percaya kalih tiyang sembarangan napamalih ingkang dereng dipun kenal, nanging Sekar kekeh kepingin dadi artis, senajan mboten direstui ibunipun sekar tetep lajeng lunga, Sekar ugi sampun dudah celenganipun kangge biayai anggenipun dadi artis, tiyang kakung ingkang dereng Sekar kenal punika janjeni menawi bakal ngorbitaken sekar supados dadi artis